Pranata Adicara Tanggap Warsa
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh…
Sugeng ndalu para rawuh ingkang kinurmatan, lan para kanca ingkang nandang bingah wonten ing adicara tanggap warsa kanca kita, sdr/i ………………………..
Ingkang utama, mangga kita sesarengan munjukkaken raos puji syukur kita wonten ing ngarsanipun gusti Allah ingkang maha mirah lah asih, ingkang sampun paring anugrah, kanikmatan lan kesempatan dumateng kita sedaya, saengga kita sami saged hangrawuhi pepanggihan wonten ing dalemipun kanca kita sdr/i …………………… saperlu syukuran tanggap warsanipun ingkang kaping …………….
Sakderengipun kula aturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para kanca lan sinten kemawon, ingkang sampun paring ambiyantu wontenipun adicara punika, saengga adicara wonten ing ndalu punika saged lumampah kanthi sae lan mboten wonten alangan setunggal punapa. Amiin.
Mboten kesupen kula aturaken matur nuwun lan sugeng rawuh dumateng para rawuh lan para kanca ingkang sampun kersa ngalonggaraken wekdal hangrawuhi adicara tanggap warsa sdr/i …………………… wonten ing ndalu punika.
Kula ingkang tinanggenah minangka pranata adicara tanggap warsa ing ndalu punika kepareng ngaturaken menggah rakiting titilaksana wonten ing adicara punika, inggih punika :
Sepisan pambuka.
Angka kalih inggih punika atur pambagya harja saking ingkang kagungan hajat.
Angka tiga pemotogan kue.
Ingkang angka sekawan inggih punika sumene.
Lan adicara ingkang pungkasan inggih punika paripurna.
Sogung para rawuh ingkang kinabekten, mangga adicara ing ndalu punika kita purwakani kanthi donga sesarengan. Dumateng para rawuh ingkang ngrasuk agami islam mangga kula derekaken kanthi waosan basmallah, lan dumateng para rawuh ingkang mboten ngrasuk agami islam kula suwun, ndonga miturut agami lan keyakinan piyambak, mangga kula derekaken, donga kawiwitan, bismillahirrahmanirrahim ………………. Cekap. Matur nuwun, mugi kanthi donga kalawau adicara ing ndalu punika saged lumampah kanthi sae lan mboten wonten alangan setunggal punapa. Amiin.
Ngancik adicara ingkang angka kalih inggih punika atur pambagya harja saking ingkang kagungan hajat, dumateng sdr/i ………………………… wekdal kula aturaken sakcekapipun, mangga.
Matur nuwun dumateng sdr/i ………………………... ingkang sampun paring atur pambagya harja dumateng para rawuh. Adicara saklajengipun inggih punika pemotongan kue. Wonten ing adicara punika kepareng sdr/i …………………………… ingkang kagungan hajat, supados jumeneng wonten ing ngajeng mriki, saperlu mimpin adicara pemotongan kue punika. Mangga.
Matur nuwun kula aturaken dumateng sdr/i ……………………… mugi tanggap warsa ingkang kaping …………… punika, sageto nggayuh menapa ingkang dipun cita-citaaken. Amiin.
Dumugi adicara ingkang angka sekawan inggih punika sumene, dumateng para rawuh lan para kanca kula suwun sageto ngrahapi daharan saha unjukan ingkang sampun dipun siapaken saking sdr/i ………………….. sakulawarga wonten ing meja kembul punika. Mangga kita sami rahapi kanthi merdikaning manah, ananging sakderengipun mangga kita sami donga sesarengan miturut agami lan keyakinan kita piyambak. Mangga kula derekaken, donga kawiwitan …………………… cekap.
Ngancik adicara ingkang pungkasan, inggih punika paripurna. Mangga adicara ing ndalu punika kita pungkasani kanthi maos hamdallah, kula derekaken, alhamdulillahirabbil’alamin …………………… matur nuwun.
Adicara tanggap warsa ing ndalu punika, sampun tumapak kanthi rancak awit purwa dumugi wasana. Purnanipun adicara, kula ingkang tinanggenah minangka pranata adicara tanggap warsa ing ndalu punika, mbok bilih anggen kula nderekaken lampahing adicara punika kirang trapsila lan subasita, ugi wonten atur kula ingkang kirang mranani wonten ing penggalih para rawuh, sedaya punika awit saking cubluking pangertosan kula. Saengga kula namung nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh...
BLAISE13

Tidak ada komentar:
Posting Komentar